mung sliramu wong bagus kang dadi ati,
rina wengi mung tansah tak impi - impi,
jroning ati kangenku setengah mati,
jeneng gulo ya mas ya mbok ojo lali,
ngelingono rikala jaman semana,
sliramu janji aku setya ngenteni,
lahir batin tresnaku terusing ati,
reff:
kangen wong kangen ngene rasane
rindu - rindu wong bagus kowe ndak tunggu
kangen, wong kangen apa tambane
rindu - rindu tambane kudu ketemu
klapa mudha enake dinggo rujakan,
leganana aku kang nandhang kasmaran
mbalung janur wong bagus tak anti - anti
ngusadani wong kangen kang antuk jampi
No comments:
Post a Comment