Thursday, September 10, 2015

Bowo Nyidam sari

Bawa :
DHUH WONG AYU PEPUJANING ATI
KAYA NGENE WONG NANDHANG ASMARA
APATA AWAKKU DHEWE
DHUH DEWA JAWATA GUNG
WELASA MRING AWAK MAMI
BESUK KAPAN KETEKAN
JEJER LAN WONG AYU
UMPAMPAKNA NAHKODA TANPA PRAU
SASADARA DEN PEPETRI
NGIDAM SARI ASMARA

Umpama sliramu sekar melathi,
aku kumbang ngidam sari
Umpama sliramu margi wong manis
aku sing bakal ngliwati
Sineksen lintange luku semana
janji prasetyaning ati
Tansah kumanthil ing netra
rinasa karasa rasaning driya
Midera sajagad raya ,
kalingana wukir lan samodra
Nora ilang memanise
adhuh dadi ati selawase
Nalikane rohing ndalu atiku
Lam lamen si rupa ayu
Nganti mati ora bakal lali,
lha kae lintange mlaku.

No comments: