Tuesday, June 30, 2015

Ilat Tanpo Balung

Panas mongso ketigo, wawas sing tak kroso
Tiwas aku teko, mbok tinggal lungo
Tegane atimu, ninggalake aku
Kebangeten, kebangeten awakmu

Bareng sing tak rasa’ke, ilat tanpo balung
Janji mlaku mlaku, mbok tinggal mlayu
Nibo tangi aku, aku ngoyak awakmu
Tulung, entenono aku

Opo ra kelingan, biyen kowe kuwi sopo
Loro tak obati, bareng mari kowe lali

Paribasan peksi, mabur dhuwur eling bali
Aku kok apusi, sak tenane aku ngerti
Ilat tanpo balung, wis ditulung malah menthung
Sak karepmu, tutugno lakumu

Reff :
Bareng sing tak rasa’ke, ilat tanpo balung
Janji mlaku mlaku, mbok tinggal mlayu
Nibo tangi aku, aku ngoyak awakmu
Tulung, entenono aku

Opo ra kelingan, biyen kowe kuwi sopo
Loro tak obati, bareng mari kowe lali

Paribasan peksi, mabur dhuwur eling bali
Aku kok apusi, sak tenane aku ngerti
Ilat tanpo balung, wis ditulung malah menthung
Sak karepmu, tutugno lakumu
Sak karepmu, tutugno lakumu

Hangenteni

Angenteni timbuling selo kang langking
sileme prau gabus,
meh wae rasaku arep mupus
ora kendhat rino lan wengi jroning ati
trasa gawe anjentung
lan bingung kasurung marga wuyung
kuciwane wong manis adoh papane
adoh sesawangan
nanging kaya tansah nyanding
tak enteni mapan sapinggiring margi
najan nganti tan rindu
karepku sedyaku tanpo jemu

Hanelongso

banget ora ngiro nelongso atiku...
sarawunge kang ngedohi papane
pancen di pisahne dene panggawene
datan sarju mung tansah antu ampun

memanismu kanyoto dadi atiku
jo kuwatir nora kendhat gon ku tansah mikir...

ojo hanelongso
urip e manungso...
wus ra pesti mring kersane hyang widhi

Gundul Gundul Pacul

Gundul gundul pacul cul..gembelengan..

Nyunggi nyunggi wakul..kul… gembelengan

Watu ngglimpang segane dadi sak latar……

Sunday, June 28, 2015

Gugur Gunung

Ayo kanca ayo kanca ngayahi karyaning praja ,
kene kene gugur gunung tandhang gawe
Sayuk sayuk rukun bebarengan ro kancane,
lila lan legawa kanggo kamulyaning praja
            Siji loro telu papat maju papat papat ,
            diulang ulungake mesthi enggal rampunge
            Holobis kuntul baris 3x

Gethok

Sore sore Padang bulan
Ayo konco podho dolanan
Rene-rene bebarengan
Rame rame e … do gegojegan
Kae-kae rembulane
Yen di sawang kok ngawe-awe
Koyo-koyo ngelengake
Kanco kabeh ojo turu sore-sore
…Gethuk
Asale soko telo mas
…Moto ngantuk
Iku tambane opo
…Ala ala gethuk
Asale soko telo mas
…Yen rak pethuk
Atine rodo gelo
Ojo ngono mas
Ojo-ojo ngono
Kadung janji mas
Aku mengko gelo

Gelang alit

Wis kelakon semene lawase
Isun yo riko kedyani
Semono sun imbyangi
Mulo riko kudyangane ati

Segoro yo ono pesisire
Sun welas nono watese
Wedang kopi ring pelonco
Raino bengi sun mung katon riko

reff :
Yo wis kelendi maning
Saiki sewang sewangan
Kepingin kumpul maning
Tapi nono dyalane, eman…

Ndaneo yo senenge ati
Ketemu ring dino mburi
Gelang alit ring deriji
Sun sing lali tumekaning pati

kembali ke reff :
Yo wis kelendi…

Sun sing lali tumekaning pati

gandrung

Wong gek lagi gandrung ra peduli bledose gunung,
wong gek lagi naksir ra peduli yen prang nuklir
.nadyan lagi bokek direwangi tretak tretek,
 jarene wis jodo opo2x duweke wong loro,
Wong gek lagi kepikat ra peduli donya kiamat,
wong wis ngucap janji ra peduli lagi inflasi,
nadyan ora duwe duit direwangi kredat kredit,
 jarene wis jodo opo2x duweke wong loro,
Irung bangir weke sapa dek,
janggut nangkis,
 lambe manis,{yo duwekmu}
Iki piye 2x weke sapa3x mesthine ana sing duwe

Friday, June 26, 2015

Esemmu

sue ora ketemu cah ayu,
gawe gandrunging atiku,
tak suwun rinten lan dalu
pamujiku manggiha rahayu
la piye genah - genah ya gene
tak antu - antu kabare, ora esuk ora sore mung
kelingan sak solah bawane

Reff:
Nadyan mung krungu suwarane
apa maneh yen nyawang eseme
bebasan segara madu, kalah manis sing manis
pancen esemu.
iba bungahing ati cah manis
antuk nugrahing gusti
nora mung jroning impenku
bisa nyandang sliramu cah ayu

Gagat Enjang

Gagat enjang,
Wanci bangun pungun-pungun
Trus ngalamun,
Ngungun wruh tibaning embun

Kae suryo,
Mungup ing tanceping langit
Mrabawani,
Jagat kabeh kaweratan

Ingkang maweh doyo,
Uripe sagung dumadi
Suryo condro kartiko,
Amengku doyo

Soyo mantep,
Ngagungke asmane gusti
Moho asih,
Sayekti kang moho suci

reff :
kembali ke atas..gagat enjang,…

Gambang suling

Gambang suling ngumandang swarane,
Tulat tulit kepenak unine,
U…..nine mung nrenyuhake barengan lan kentrung
Ke-tipung suling sigrak kendangane.

Elo Elo gandrung

Elo elo tansah gandrung gandrung, dasar rina wengi tansah gandrung gandrung
Dasar kepara nyata gandrung, gandrung dumadine kemakmuran……………
e…..a…………eo…………..dasar elo elo gandrung ,gandrung marang kemakmuran
rina panta rahing wengi, tansaha senak lan tara kanggo kamulyaning praja
sak enggening jaya brana angegung saking praja, ayem tentrem adil makmur tansaha ayem ing praja.

Thursday, June 25, 2015

Dalan Anyar

KEMBANG TEBU SING KABUR KANGINAN,
SAKSI BISU, SING DADI KENANGAN..
PRASETYAMU KUWI MUNG KIASAN,
TRESNAMU SAK IKI WIS ILANG..

NENG DALAN ANYAR KOWE KARO SOPO,
AKU NGERTI DEWE NENG NGAREPE MOTO..
NENG DALAN ANYAR KOWE KARO SOPO,
NENG KULON TERMINAL KERTONEGORO..
NGAWI..

reff:
KEMBANG TEBU SING NENG SAWAH GRUDO,
ORA GARING SENAJAN MONGSO KETIGO..
TANSAH ELING, JAMANE SEMONO
NENG KULON TERMINAL KERTONEGORO..

NENG DALAN ANYAR KOWE KARO SOPO,
AKU NGERTI DEWE NENG NGAREPE MOTO..
NENG DALAN ANYAR KOWE KARO SOPO,
NENG KULON TERMINAL KERTONEGORO..

NENG DALAN ANYAR KOWE KARO SOPO,
AKU NGERTI DEWE NENG NGAREPE MOTO..
NENG DALAN ANYAR KOWE KARO SOPO,
NENG KULON TERMINAL KERTONEGORO..
NGAWI..
NENG DALAN ANYAR KOWE KARO SOPO,
NENG KULON TERMINAL KERTONEGORO..
NGAWI..

Dadi Ati

Nggoleki sing koyo ngopo
Wong nyatane kelakon sprene
Angger-angger gandro
Wekasane malah mbangun tresno
Dudu bandha dudu rupa
Mung atine dadi tetaline
Guyup rukun kadya
Pepindane mimi lan mintuno
Wis jamak lumrahe
Yen wong urip, coba lan godane, gedhee
Supradene ora nganti
Ndadak dadi gawe,eeaeoo
Rino lan wengi dadi ati eea
Wong kang sabar luhur bebudine
Dasar gemati
momong putra alus bebudine

Cublak Cublak suweng



Cublak cublak suweng…..suwenge ting gelenter……..

Mambu kutundung gudel…pak hempong, lera.. lere…

Sopo ngguyu ndelekake…………

Sir …sir…. pong ,dele gosong………..

cowok gelo

Manis di wajahnya
Persis baik lembut tanpa dosa
Sayang nya berlebihan
Seakan kah mencurigakan

Tetapi dibelakang
Banyak simpanan cemilannya
Tiap pengkolan ada ceweknya

Lo gelo gelo
Memang dasar cowok gelo
Rempong rempong
Semua cewek maunya di jajal
Dianggapnya halal

Lo gelo gelo
Memang dasar cowok gelo
Rempong rempong
Semua cewek maunya di jajal
Dianggapnya halal

Sayang nya berlebihan
Seakan kah mencurigakan

Tetapi dibelakang
Banyak simpanan cemilannya
Tiap pengkolan ada ceweknya

Lo gelo gelo
Memang dasar cowok gelo
Rempong rempong
Semua cewek maunya di jajal
Dianggapnya halal

Lo gelo gelo
Memang dasar cowok gelo
Rempong rempong
Semua cewek maunya di jajal
Dianggapnya halal

Lo gelo gelo
Memang dasar cowok gelo
Rempong rempong
Semua cewek maunya di jajal
Dianggapnya halal

Lo gelo gelo
Memang dasar cowok gelo
Rempong rempong
Semua cewek maunya di jajal
Dianggapnya halal

Cinta Tak Terpisahkan

Duh Denok gandulaning ati, tegane nyulayani
Janjimu sehidup semati, among ono ing lathi
Rasa sayangmu sudah pergi, tak menghiraukan aku lagi
Duh Denok gandulaning ati, tegane nyulayani
*courtesy of LirikLaguIndonesia.Net
Duh Kangmas jane aku tresno, lilakno aku lungo
Ati rakuat nandang roso, roso keronto-ronto
Cintamu sudah gak beneran, aku cuma buat mainan
Duh Kangmas jane aku tresno, lilakno aku lungo

Tresno iki dudu mung dolanan, kabeh mau amargo kahanan
Seng tak jaluk amung kesabaran, mugi Allah paring kasembadan

Mung ngedem atiku, ben aku ra mlayu
Dan tanggung jawabmu, iku palsu

Denok aku cinta beneran, pasti akan kubuktikan
Bapak ibuku akan datang, melamar dikau sayang

Hatiku slalu mendoakan, semoga Tuhan mengabulkan
Cinta kita tak terpisahkan, walau di akhir jaman

cidro 2

Durung nganti garing catu sing ning atiku
Tego – tegone sliramu nambahi loro bathinku
Aku ora percoyo nanging kabeh iki nyoto
Cetho ning ngarepe moto yen sliramu kuwi cidro
Panas – panase srengenge kuwi
Kang nguliti awak iki
Nanging isih panas rasaning ati
Nyawang kedadean iki
Lungo awakku sing kudu lungo
Timbang batinku leloro – loro
Ra bakal awakku iki bali nemoni sliramu
Lilo awakku iki wes lilo
Senajan loro neng jero dodo
Yen pancene uwis nasibku
Kudu pisahan karo awakmu
Aku ora percoyo nanging kabeh iki nyoto
Cetho ning ngarepe moto yen sliramu kuwi cidro
Panas – panase srengenge kuwi
Kang nguliti awak iki
Nanging isih panas rasaning ati
Nyawang kedadean iki
Lungo awakku sing kudu lungo
Timbang batinku keloro – loro
Ra bakal awakku iki bali nemoni sliramu
Lilo awakku iki wes lilo
Senajan loro neng jero dodo
Yen pancene uwis nasibku
Kudu pisahan karo awakmu
Yen pancene uwis nasibku
Kudu pisahan karo awakmu

Cidro

Wis sak mestine ati iki nelongso
Wong sing tak tresnani mblenjani janji
Opo ora eling naliko semono
Kebak kembang wangi jroning dhodo

Duh piye maneh iki pancen nasibku
Kudu nandang loro koyo mengkene
Remuk ati iki yen eling janjine
Ora ngiro jebul lamis wae

Gek opo salah awakku iki
Kowe nganti tego mblenjani janji
Opo mergo kahanan uripku iki
Mlarat bondho seje karo uripmu

Aku nelongso
mergo kebacut tresno
Ora ngiro
Saiki ne cidro

reff :
kembali ke atas…

Aku nelongso
mergo kebacut tresno
Ora ngiro saiki ne cidro
Ora ngiro saiki kowe cidro

cewwek gaul

Ibarat kembang, kowe isih wangi
Ibarat tebu, kowe pancen legi..
Akeh tawon, kang podo nyedak’i
Nyesep sari, sarine kembang melati..

Budhal isuk, mulihe mesti sore
Rambute abang, ditato alise..
Sing nggandhengi, sabendino seje
Gonta ganti, pacare ono selawe..

Cewek cewek gaul, yen ngguyu untune gingsul
Soyo pantes, yen nganggo erok sak dengkul..
Cewek cewek cewek gaul, ngisor nduwur kabeh gaul
Yen lumaku, bokonge menthul menthul..

Sopo wonge, sing ora clegukan
Nyawang bokong, bodine koyo dandang..
Tumpak’ane, sepeda motor lanang
Cewek gaul, ayune sak kecamatan..

reff:
kembali ke atas..ibarat kembang,kowe…

Wednesday, June 24, 2015

cengkir wungu

Sepungkure, nora tau kalegan atine
Sedinane, amung tansah keduwung tindak’e
Pinupuso tan sayekti, wus dadi setyane
Nora wurung pinandak’o, tan becik dadine

Mung saiki, kudu nrimo nelongso ning ati
Mrih yuwono, kinalisno ing sambikalane, sak teruse..
Cengkir wungu, wungune soko ketiban ndaru
Wus pesthine, yen sliramu pisah karo aku


reff :
Sepungkure, nora tau kalegan atine
Sedinane, amung tansah keduwung tindak’e
Pinupuso tan sayekti, wus dadi setyane
Nora wurung pinandak’o, tan becik dadine

Mung saiki, kudu nrimo nelongso ning ati
Mrih yuwono, kinalisno ing sambikalane, sak teruse..
Cengkir wungu, wungune soko ketiban ndaru
Wus pesthine, yen sliramu pisah karo aku

Caping Gunung

Bawa :  SABEN BENGI NYAWANG KONANG
             AMEMAJANG MUNG JANUR KUNING
             KEMBANG WAE WETON GUNUNG
             PACITAN SARWI JENANG
             PANAS UDAN ALING ALING CAPING GUNUNG
             NADYAN WADON SARWI LANANG
             INUMANE BANYU BENING

Kibar.   Dhek jaman berjuang , jur kelingan anak lanang
             Biyen tak openi , ning saiki ana ngendi
             Jarene wis menang , keturutan sing digadhang
             Biyen nate janji , ning saiki apa lali
             Neng gunung tak cadhongi sega jagung
             Yen mendhung tak silihi caping gunung
             Sokur bisa nyawang gunung desa dadi reja
             Dene ora ilang nggone padha lara lapa

Butho Butho Galak

Buta buta galak,
solahmu lonjak lonjak,
 ngadeg sigrak sigrak,
 nyandhak sampur nuli tanjak,
tanjak bali maneh rupamu ting celoneh,
 kae kurang apa, tak senggoh kurang
alasan, lha wong kowe sing marah-marahi 2x,
ngono aja ngono hihi aku wedi ,
galo kae galo kae rupane plerak plerok,
kulite ambengkerok,
mung kulite ambeng kerok.

putri gunung at bocah gunung

Nadyan aku bocah nggunung
doh banget dunungku,
ora susah kanthi nganggo bingung,
yen ta pancen tresna aku,
pancen isih dadi lakon ninggalke sliramu
ra orane yen bakal kelakon
pepisahan karo aku
muga - muga aja nganti gawe gawe gela
nga dinonga tinebihna rubeda.
lah ya mas ya mas ya mas
apa kowe ra kelingan
dolan neng omahku,
ana latar padha lelungguhan gegojekan karo aku.

Blebes

dik sajake kok ono perlu
sih esuk kok nangek ke aku
ning tanganmu kok nggowo palu
opo to sing rusak dipanku

wis kowe rak usah suloyo
dek bengi metu karo sopo
ning klambimu lipstike sopo
yen dudu bocah wadon liyo

ndek bengi aku ora ning ngendi endi
malah aku njaluk dikeroki
pirang ndino ora mbok turuti
rasane gegerku koyo disunduki

wong wadon ngendi sing bakal kuat ati
klumprak klumpruk mben ndino makani tinggi
njolak njaluk ning blanjane ora mesthi
opo aku arep mbok pakani wedhi

wis ndang nyingkrih ndang nyingkrih ndang nyingkrih ndang nyingkrih (emoh dik)
yen ngono aku wae sing nyingkrih, sing nyingkrih, sing nyingkrih (ojo dik)
aku masih cinta padamu my darling i love you

wis ndang nyingkrih ndang nyingkrih ndang nyingkrih ndang nyingkrih (emoh dik)
yen ngono aku wae sing nyingkrih, sing nyingkrih, sing nyingkrih (ojo dik)
aku masih cinta padamu my darling i love you

Bengawan Sore

Ning pinggire bengawan tansah setya ngenteni sliramu
Eling eling jamane semana wus dhungkap pitung ketiga
Ning pinggire bengawan saben saben mung tansah kelingan
Wus prasetya ing janji kang suci ing lahir terusing batin
Sanadyan kaya ngapa manungsa mung bisa ngreka lan njangka
Gusti kang paring idi lan pesthi kita sak derma nglampahi
Ning pinggire bengawan wayah sore sansaya kelingan
Gawang gawang esemu cah ayu agawe sedhihing atiku.

Bengawan Solo

Bengawan solo riwayatmu kini, sedari dulu jadi perhatian insane
Musim kemarau masih ada airmu ,di musim hujan air mengalir sampai jauh
Mata airmu dari solo, bergunung gunung seribu,
Air mengalir sampai jauh airnya kelaut
Itu perahu ingatanmu dulu, tahun ke tahun jadi ingatan selalu…………………

bali kumpul

Suwe ora jejamu mas
jamu pisan godhonge meniran
wis suwe ora ketemu,
temu pisan neng ati tratapan
suwe ora jejamu dhik
jamu pisan godhonge kecubung
wis suwe ora ketemu
temu pisan neng ati bingung

karangpandan tawang mangu
ora kencan kok ketemu mas karo sliramu

tuku ace wadhahi kreneng
nyedhako mrene nggo tombo kangen
yo dhik yo nggo tombo kangen

mikul suket dientul- entul
timbang ngampet ayo bali kumpul mas
ayo bali kumpul

tak kawat di untir - untir
ora kuwat rasane pikir yo dhik yo
rasane pikir

yen mengkono kersamu mas
kulo amung manut - manut wae
katimbang getun mburine
becik ayo bali kumpul

Tuesday, June 23, 2015

balen

Balen

Jan jane dhik aku wis rindu
wis rong tahun lawase oro ketemu
eling - eling dhik jamane semono
runtang - runtung anane ra ono liyo

jan jane mas aku wes lali
gelang alit bebasan kanggo munggwing driji
nora gampang tambane cuwaning ati
ra semoyo mas aku ora janji

horo toyo nganggo theklek kecemplung kalen
timbang golek luwih becik aluwung balen

sabar mas wong sabar ora kesusu
yen kesusu tundhone wis mesti kleru



tak rewangi jiwo rogo tulusing ati

sabar mas bola - bali wis tak aturi

bali kumpul

Suwe ora jejamu mas
jamu pisan godhonge meniran
wis suwe ora ketemu,
temu pisan neng ati tratapan
suwe ora jejamu dhik
jamu pisan godhonge kecubung
wis suwe ora ketemu
temu pisan neng ati bingung

karangpandan tawang mangu
ora kencan kok ketemu mas karo sliramu

tuku ace wadhahi kreneng
nyedhako mrene nggo tombo kangen
yo dhik yo nggo tombo kangen

mikul suket dientul- entul
timbang ngampet ayo bali kumpul mas
ayo bali kumpul

tak kawat di untir - untir
ora kuwat rasane pikir yo dhik yo
rasane pikir

yen mengkono kersamu mas
kulo amung manut - manut wae
katimbang getun mburine
becik ayo bali kumpul

anting anting

Ting anting mbang cempaka
Tanda mata saka seliramu
Ting anting tandha tresna
Lahir batin sineksen lintange luku
Ling eling dhek semana
Rembulane ketutupan mega
Gawe kekesing ati
Nganti-anti tekane si jantung hati
Anting-anting dhik kembang cempaka
Wohing aren mbok yo eling dhek semana
Emprit ganthil mencok neng witing pari
Tansah kumanthil ana njeroning ati
Ali-ali dhik kembang kuningan
Dilali-lali malah tambah kelingan
Manuk gemak mencok neng witing sawo
Bareng penak yo mas yo jo ngona ojo ngono
Ting-anting mbang cempaka
Tanda mata uga tanda tresna
Ling-eling dhek semana
Yen ra nyandhing rasane neng ati gela

atiku lego

Atiku rumongso lego,
Dene klakon catur netro..
Lan kanti roso tresno,
Amung tansah dadi linduran..

Kurang luwih telung taun,
Anggonku tansah ngalamun..
Saben ing wanci bangun,
Uwis manteb ora getun..

Mesemo wong manis, ojo uwis uwis..
Mrih dadi wusodo, loro wuyung..
Cedhak’o lungguhmu, ojo ragu ragu
Prasasat ketiban ndaru..

Saiki uwis kepethuk,
Dadi rujuk manthuk manthuk..
Ngilangke roso jemu,
Ati lego wis ketemu..

reff :
Atiku rumongso lego,
Dene klakon catur netro..
Lan kanti roso tresno,
Amung tansah dadi linduran..

Kurang luwih telung taun,
Anggonku tansah ngalamun..
Saben ing wanci bangun,
Uwis manteb ora getun..

Mesemo wong manis, ojo uwis uwis..
Mrih dadi wusodo, loro wuyung..
Cedhak’o lungguhmu, ojo ragu ragu
Prasasat ketiban ndaru..

Saiki uwis kepethuk,
Dadi rujuk manthuk manthuk..
Ngilangke roso jemu,
Ati lego wis ketemu..

ayun ayun

Ayun ayun gobyog gawe gumun tekun,
Sarta rukun, akeh kang kayungyun,
Dadi srana iku , dhatan jemu,
Nyawiji ing panemu ,condongin kalbu.

Monday, June 22, 2015

antepingsih

Sakabehe ndak antepi aku tansah
nyenyuwun Ywang widdi
tinebihna hing godha rencana ayomana
mring kawula
sakiki ndak anti - anti bisawa dadya ati sawiji
muga muga kasembadanana sakabehe panyuwunku
kabeh pepasthen iku datan bisa den selako
marga tri prakara jodho begja pati tan ngrawuhi
akanthi meneping ati rinasa entheng kang ndhak lakoni
kang ndhak esti bisawa kelakon ing tembe manggya
kamulyan

Ange ange orong orong



netes banyune moto
aku nangis ketiban ondho
rondo tak kiro prawan
bareng tak rabi anak e sak gudang
pancen aku wis rondo,rondo tuo anakku limo
nanging aku seh biso diwolak walik
koyo goreng telo

sapi manak larang regane
anak limo bedo bapake
Ange ange orong orong
ora melu gawe melu momong
oleh rondo, rondone ompong
duwe anak sak gedhe kingkong
Ange ange orong orong
ora melu gawe melu momong

rondo tuo anak e limo
turu bareng ngumpul sak kloso
`

ande ande lumut

ANDE ANDE LUMUT

Putraku si ande ande lumut….

Tumuruna ana putri kang unggah unggahi…..

Putriku kang ayu rupane………

Kleting kuning kang dadi asamane……

Bu…si Bu… kulo mboten purun…..

Puti niku sisane si yuyu kangkang…

Saturday, June 20, 2015

Alun alun Nganjuk

Lunga tak anti-anti kapan nggonmu bali
Mecak’e endahing wengi kutha Nganjuk iki
Sumilir angin wates nggugah kangene ati
Apa kowe ora ngerteni
Kowe tak kangeni

Ning alun-alun tak goleki
Terminal tasiun tak ubengi
Senajan setahun tak enteni
Tresnamu sing tak gondheli

Lali tenan to dhik nggonmu janji-janji
Disekseni lampu alun-alun iki
Lali tenan to dhik karo aku iki
Ning terminal stasiun nggonku nggoleki

Ajuring atiku

Judul : Ajuring atiku


Laraning atiku,
Bareng krungu ngendikamu..
Koyo koyo ri marong,
Sing tumancep sak jroning atiku..

Nanging ra tak roso,
Mung eluhku kang tumetes..
Ketes nelesi pipi,
Nganti tembus sak jroning atiku..

Ajur mumur atiku,
Kejot sumingkir rasaning pikir..
Timbang mikir ketir ketir,aduh..
Becik aluwung sumingkir..

Ajuring atiku,
Nora keno ditambani..
Yo mung donga-dinonga,
Mugo mugo slamet sak laminyo..

reff:
Laraning atiku,
Bareng krungu ngendikamu..
Koyo koyo ri marong,
Sing tumancep sak jroning atiku..

Nanging ra tak roso,
Mung eluhku kang tumetes..
Ketes nelesi pipi,
Nganti tembus sak jroning atiku..

Ajur mumur atiku,
Kejot sumingkir rasaning pikir..
Timbang mikir ketir ketir,aduh..
Becik aluwung sumingkir..

Ajuring atiku,
Nora keno ditambani..
Yo mung donga-dinonga,
Mugo mugo slamet sak laminyo..

Friday, June 19, 2015

langgam ali ali




Judul : Ali-ali

Ngagemo ali-aliku pamprihe
Ojo lali marang aku
Nadyan kulo mboten melu, mbesuke
Ngelingono lelabetku
Lamun embane saloko, emane
Mung tansah ndamel cuwo
Niki embane kencono pamrihe
Tansah manggiho raharjo
Yen nganti ilang mripate
Jarene nemahi rubedo
Yen nganti di nggo wong seje, mbesuke
Wis mongso bodo,a
Pilihanku mripat biru, pamprihe
Mrih sulistyo ingkang warni
Yen takon isi atiku mbesuke
Mirsanono ali-ali