Bawa : SABEN BENGI NYAWANG KONANG
AMEMAJANG MUNG JANUR KUNING
KEMBANG WAE WETON GUNUNG
PACITAN SARWI JENANG
PANAS UDAN ALING ALING CAPING GUNUNG
NADYAN WADON SARWI LANANG
INUMANE BANYU BENING
Kibar. Dhek jaman berjuang , jur kelingan anak lanang
Biyen tak openi , ning saiki ana ngendi
Jarene wis menang , keturutan sing digadhang
Biyen nate janji , ning saiki apa lali
Neng gunung tak cadhongi sega jagung
Yen mendhung tak silihi caping gunung
Sokur bisa nyawang gunung desa dadi reja
Dene ora ilang nggone padha lara lapa
No comments:
Post a Comment