Tuesday, June 23, 2015

anting anting

Ting anting mbang cempaka
Tanda mata saka seliramu
Ting anting tandha tresna
Lahir batin sineksen lintange luku
Ling eling dhek semana
Rembulane ketutupan mega
Gawe kekesing ati
Nganti-anti tekane si jantung hati
Anting-anting dhik kembang cempaka
Wohing aren mbok yo eling dhek semana
Emprit ganthil mencok neng witing pari
Tansah kumanthil ana njeroning ati
Ali-ali dhik kembang kuningan
Dilali-lali malah tambah kelingan
Manuk gemak mencok neng witing sawo
Bareng penak yo mas yo jo ngona ojo ngono
Ting-anting mbang cempaka
Tanda mata uga tanda tresna
Ling-eling dhek semana
Yen ra nyandhing rasane neng ati gela

No comments: