Tuesday, October 20, 2015

sri huning

Sri Huning

sri uning mustiko tuban
labuh tresno lan saboyo pati
marang raden wiratmoyo
kang wus prasojo anandur bakti
sri uning datan grahitho
kang cinepto kadange pribadi
wiratmoyo putraniro
ronggo lawe adi pati tuban
sri uning putrane abdi
wongso pati nalikane uni
kapupuh ing madya lopo
duh prasanding lawan minak jiwo
katresnane wiratmoyo
tinampi dene roro sri uning
senadyan wekasane niro
labuh tresno alabuh negoro.

No comments: