Tuesday, October 27, 2015

Tali kutang

Tali Kutang

Dek biyen wes tak tukokke
wujud tali sak kutange
sak ikine lha kok ilang sak slirane
lunggo menyang ngendi
tanpa pamit lan bali
opo kowe lali karo aku iki

nadyan regane nem ewu
kuwi wujud katresnanku
jare kowe melu aku
lha kok mlayu

opo ora eling
nalikane lungguh ijen
neng endi gon ku goleki tali kutang

iki mas taline tak kundurake
mergo bapak ra ngeparengake
aku dijodhoke malah karo priyo seje
wis cukup mung semene wae
duh kang mas andum basuki
aku ora bakal lali yen gusti ngeparengake mesti bali
tali kutang iki tak simpen tekane pati
tali kutang saksi tresnaku kang suci

No comments: