Monday, September 21, 2015

Rondo Ndeso

Yen mbobrong katon mencorong
Yen mbesengut soyo tambah patut
Rupo ora sepiruo,
Pranyoto tansah dadi kembang ndeso


Pacak’ane koyo sinden panggung ndedeg
Lencir lengkung lengkung
Bathuk nonong irung mancung
Rekmane ngandhan-andhan kembang bakung..


Rondo ndeso umure setengah tuwo
Nanging isih koyo kenyo
Sopo njawil sing mesthi bakale kinthil,
Terus kecanthil


Ganti ganti pasangane,
Durung mesthi yen dadi jodhone
Ono ndeso ayu dewe
Emane dadi rondo limo anak’e


reff:
Yen mbobrong katon mencorong
Yen mbesengut soyo tambah patut
Rupo ora sepiruo
Pranyoto tansah dadi kembang ndeso


Pacak’ane koyo sinden panggung ndedeg
Lencir lengkung lengkung
Bathuk nonong irung mancung
Rekmane ngandhan-andhan kembang bakung..


Rondo ndeso umure setengah tuwo
Nanging isih koyo kenyo
Sopo njawil sing mesthi bakale kinthil,
Terus kecanthil


Ganti ganti pasangane,
Durung mesthi yen dadi jodhone
Ono ndeso ayu dewe
Emane dadi rondo limo anak’e




Rondo Kempling

Ndak pundi Mbak Ayu
bade tindak pundi?
kadingaren tindak wae
ora numpak taksi
Dewean opo ora wedi?
Timbang nganggur
kulo gelem ngancani

Kleresan mas alias kebetulan
blanjane kathah rada kabotan
yen purun enggal-enggal ngrencangi
tekan omah mangke kulo opahi

Ee… Tobil wong Legan golek momongan
Niki blonjo nopo mbakyu bade pindahan?

Ampun gelo mas
sampean ampun kuciwo
kulo rondo anyaran ditinggal lungo

Awan-awan lungo blonjo
ning pasar pahing wing-wing…
Prawan rondo kanggoku
ora patek penting wing-wing…

Ning Semarang Mas..
Tuku gelang karo anting-anting
Jo sumelang yo ben rondo
dijamin kempling..
Kempling lho mas….







Rondo Edan


Wiwitane mas kedanan randha ,ra digape sambat ngauwara
Yen ra gelem mask ok nekat wae, ati ayem nadyan mung weruh omahe
            Yen kasmaran mas ora kewetu,kaya gulu klelegen roti bolu
            Krungu rondo sinenengi liyan,le cemburu nganti kaya wong edan
Yen kasmaran mas tanpa mikir ,ehek jaran disangkanya ebir
Ketir ketir mas setengah mati, ngunjuk ebir kaya montor tanki
            Edan mikir mikir rondo,solahe ra duga duga
            Yen ditampik kaya wong edan. Jare serik pa ya tenan
E eeee lha kok tenan 3x,awak lemes ora karuan

Retno Pengasih

Slagane retno pengasih
Yen ngendiko sarwa lirih
Senadyan amung prasaja
Nganti bisa nuju prana


Senadyan amerak ati
Katok luruh tan mboseni
Keh prio podo kepranan
Enggar-enggar ing katresnan
Eman-eman dok ing moyo
Pancen di  tinaalat   kumlawung
Retno nggunung retno nggunung
jroning gandrung trus ambarung


Kedlewekan ing panderek
Yo ben bisa pilih asih
Mestine retno pengasih
Tansah mring kang maha luwih
Kedlewekan ing panderek
Yo ben  bisa ngelingake
Mestine retno pengasih
Tansah maha luwih






Rindu merana

Menangis aku kenang
Saat hatiku kau tinggalkan
Hanya sakit yang aku pendam
Dalam rindu yang semakin dalam
Tak tahu harus di mana ku temukan jawabnya

Kau pujaanku di mana
Ku sakit harus menunggu lama
Merana hati merana
Dalam rindu aku bertanya

Kekasih kau yang ku kenang
Jatuhkanku dalam lingkaran
Walau sakit yang aku pendam
Rindu ini tak kunjung padam
Tak tahu harus di mana ku temukan ooh

Kau pujaanku di mana
Ku sakit harus menunggu lama
Merana hati merana
Dalam rindu aku bertanya

Kau pujaanku di mana
Ku sakit harus menunggu lama
Merana hati merana
Dalam rindu aku bertanya

Merana hati merana
Dalam rindu aku bertanya
Sampai nanti selalu bertanya

Ricik Banyumasan

Ricik kumricik
gerimise wis teka
sedela mandek
Bapake wis teka,
nyong kaget aduh le kabotan bapak
Bungkus merak wedoke sing numpak.

Rewel

Ngomonga terus terang yen pancen kowe bosen,
nora peru kakean alesan,
neka warna solah lan lakumu,
adhuh adhuh adhuh mana tahan.

Aku tansah ora bisa nahan………….bimbang,
ngono kuwi ngomonga terus terang.
REWEL ngene salah ngono salah,
REWEL meneng salah ngomong salah
REWEL mungkur salah ngadep salah,
REWEL piya piye katon salah.

Retno Pengasih

Slagane retno pengasih
Yen ngendiko sarwa lirih
Senadyan amung prasaja
Nganti bisa nuju prana


Senadyan amerak ati
Katok luruh tan mboseni
Keh prio podo kepranan
Enggar-enggar ing katresnan
Eman-eman dok ing moyo
Pancen di  tinaalat   kumlawung
Retno nggunung retno nggunung
jroning gandrung trus ambarung


Kedlewekan ing panderek
Yo ben bisa pilih asih
Mestine retno pengasih
Tansah mring kang maha luwih
Kedlewekan ing panderek
Yo ben  bisa ngelingake
Mestine retno pengasih
Tansah maha luwih

Tuesday, September 15, 2015

rasa tresno

sapa kae ngrekmo kembang bakung
sajak ngawe - awe
ireng manis lamun mesem atiku kesengsem
esemanmu sajak nganyelake nambahi kangenku

tan kuciwa anggonmu ngrasuk ngadi busana
rasa tresna ing batin ora tega
rina wengi sliramu mung tansah nggodha ati
mangka sedyaku, atiku kepengin leladi sliramu,
yen tan bisa aku lilo inguruk bantala

Friday, September 11, 2015

Putri Solo

Dasare keporonyoto……
Pancen Pinter Alelewo….
Dasar PutriSolo……


Nganggo Selendang Pelangi…..
Sumampir ono pundake…

Cunduke kembangmelati….
Dadi lan pantese…….

Mung lakune koyo macan luwe……..

Sandal jepit pengangite……
Kiyet kiyet suwarane…..

kelapkeliplah suwenge…
Dasar putri solo………….

Putri Solo…….

Yen ngguyu dekik pipine ..
ireng manis kulite…….

Dasar Putri solo….

Pring Kuning

Opo sliramu ra pirso,
Jroning ati, isih ono tresno
Opo sliramu ra kroso,
Kangenku dak, tanpo upomo..

Tanggal songolas sasi telu,
Gawe kangen, rasaning atiku
Yen wengi ra biso turu,
Tansah kelingan siro wong bagus..

Aku ora bakal lali,
Naliko sliramu pamit bali,
Udan deres sing njalari,
Nganti aku, ngenes jroning ati..

Pring kuning dadi saksi,
Ono ngendat, deso purwosari
Opo sliramu ra ngerti,
Yen pring kuning, gawe kangening ati..

Thursday, September 10, 2015

prau layar

Yo konco ning nggisik gembiro
Alerap lerap banyune segoro
Angliyak numpak prau layar
Ing dino minggu keh pariwisoto
Galo praune wis nengah
Byak byuk byak banyu binelah
Ora jemu jemu karo mesem ngguyu
Ngilangake roso lungkrah lesu
Adik njawil mas
Jebul wis sore
Witing kalopo katon ngawe awe
Prayogane becik balik wae
Dene sesuk esuk
Tumandang nyambut gawe

pepeling

Wis wancine tansah dielingake
Wis wancine podo nindaake
Adzan wus kumandhang wayahe sembahyang
Netepi wajib dawuhe pangeran


Sholat dadi cagak ing agomo
Limang wektu kudu tansah dijogo
Kanthi istiqomah lan sing tumakninah
Luwih sampurno yen berjama’ah


Subuh Luhur lan ‘Asar
Sholat sayekti ngadohke tindak mungkar
Maghrib lan ‘Isya’ jangkepe
Prayogane ditambah sholat sunate


Jo sembrono iku printah agomo
Ngelingono neng ndonya mung sedelo
Sabar lan tawakal pasrah sing kuoso
Yen kepengin mbesok munggah suargo

reff :
kembali ke atas…

Pariwisata


AJAJAH PRAJA AMILANG KORI
KALA MANGSANE PARIWISATA
PRA ENDAHE ALAM NUSWANTARA
KEH KANG ADI LUHUNG ALAS LAN GUNUNG GUNUNG

Pangkur lamba

Pangkur wirama lamba,
galang galang cangkrike slendro pa-thete sanga,
muga dadi sarana.
Manunggal lahir trus batine trus maju tanpa mundur majulah laju.

Panggodanne katresnan

Biyen aku ra wis kondho,
Jroning bebrayan, kebak ing panggudho
Bebasan wanci panglo?,
Tanpo obor, peteng ndedhet tan rinoso

Opo pancene wis bedo,
Dek biyen opo, saikining opo
Sliramu salin sloko?,
Dek biyen tresno, saiki ndaksiyo

Wong bagus mbok ojo bingung,
Tumawur satemah kajantrung
Koyo wong kelangan petung,
Deleg-deleg, wekalase wurung

Tak suwun marang sliramu,
Mbok ojo lali, janji prasetyamu
Tresnaku kang satuhu,
Tetep tulus ngregani jiwaku

reff :
Biyen aku ra wis kondho,
Jroning bebrayan, kebak ing panggudho
Bebasan wanci panglo?,
Tanpo obor, peteng ndedhet tan rinoso

Opo pancene wis bedo,
Dek biyen opo, saikining opo
Sliramu salin sloko?,
Dek biyen tresno, saiki ndaksiyo

Wong bagus mbok ojo bingung,
Tumawur satemah kajantrung
Koyo wong kelangan petung,
Deleg-deleg, wekalase wurung

Tak suwun marang sliramu,
Mbok ojo lali, janji prasetyamu
Tresnaku kang satuhu,
Tetep tulus ngregani jiwaku

Panandang

Sopo sing gelem nglakoni.
Lelakon kang tak sandang rino klawan wengi..
Babar pisan aku ora ngerti,
Batinmu ra nggrahito jebul nyimpen wadi..

Ojo kurang ing pamengku,
Yen ono tumindhakku sarwo kurang dugo..
Kabeh mau bareng wis kebacut,
Mulane wekasane aku trimo manut..

Mung tujune pituturku marang kowe,
Wis tak anggep bakul jamu pinggir dalan gede..
Bebasane koyo betet sewu,
Ocehane ra digatek’ake..

Aku ra bakal nggondheli,
Sliramu tumindak kang dudu sak lumrahe..
Kabeh mau aku ngrumangsani,
Ra biso nyukupi kebutuhanmu..

reff:
kembali ke atas..sopo sing gelem…

Palupi

e e ono priyo bagus
mripat bunder karo plerak plerok
tak takoni mesem ngguyu
bareng kenal jenenge mas bambang
e e ono penyanyi ayu
mripat bunder karo plerak plerok
tak takoni mesem ngguyu
bareng kenel jenenge palupi
e e aku banjur ngalamun
kapan biso karo kowe
roso atiku nelongso
koyo ngene rasane wong tresno
e e aku banjur ngalamun
kapan biso karo kowe
roso atiku nelongso
koyo ngene tandane wong tresno

pak dhe pak dhe

Pakde, aku putune sopo
Aku wis gede, mbesuk melu sopo
Bapak ibi saiki wis ora ono
Sakbendino mung trimo nelongso


Pakde, aku putune sopo
Aku wis gede, mbesuk melu sopo
Bapak ibi saiki wis ora ono
Sakbendino mung trimo nelongso


Aduh pakde piye dadine
Aku iki ra ono rewange
Pakde, pakde ilingo anak putune
Sakbendino lungo ora tau mulih


Pakde ilingo yen wis tuwo
Wong ning ndunyo, ibarat ngunjuk tuyo
Ndang nyebuto pakde karo sing kuoso
Wedenono pakde sikso neroko


reff :
kembali ke atas..pakde, aku putune…

padang bulan

Sore sore padang bulan, ayo kanca pada dolanan
Kene kene bebarengan ramerame pada gegojegan
            Kae kae rembulane yen disawang kok ngawe ngawe
            Kaya kaya ngelengake,kanca kabeh aja turu sore sore
Gethuk asale saka tela mata ngantuk iku tambane apa
Gethuk asale saka tela yen ra mathuk atikne rada gela
Aja ngono dek aja aja ngono kadung janji mengko aku gela

Pacobaning urip

Kok koyo ngene abot sanggane
Yen lagi dadi wong ora nduwe
Tak rewangi bendino nyambut gawe rekoso
Nanging kayane ra sepiro


Tansah nelongso rasaning atiku
Yen aku kelingan marang sliramu
Wis semono suwene anggonku mikir kowe
Tansah agawe bingung atiku


Rino klawan wengi aku tansah memuji
Memuji marang kersane Gusti
Mugo kang kuoso enggal maringi margo
Kowe lan aku biso urip mulyo

Orek orek

Ngetan bali ngulon, opo setyane kelakon
Sing sayuk, sing rukun, rek orek montore mabur
Yo lara gondes, gondes, gondes iki piye…
E..ya..e, yaiyo…yaiyo…,
E..ya..e, yaiyo…yaiyo…,

Ora butuh kae-kae, butuhku mung nyambut gawe
Sing sayuk mas, sing rukun,rek orek montore mabur
Yo lara romo, romo, romo iki piye…
E..ya..e, yaiyo…yaiyo…,
E..ya..e, yaiyo…yaiyo…,

Ora butuh omah loji, butuhku tentrem ning ati
Jo ngono-ngono lha piye, rek orek montore mabur
Yo lara gondes, gondes, gondes iki piye…
E..ya..e, yaiyo…yaiyo…,
E..ya..e, yaiyo…yaiyo…,

Bayune kuning-kuning, ayem yen nuju nyandhing
Jo ngono mas jo ngono, rek orek montore mabur
Yo lara romo, romo, romo iki piye…
E..ya..e, yaiyo…yaiyo…,
E..ya..e, yaiyo…yaiyo…,

Jarik lurik suwek pinggire, jo dilirik ono sing nduwe
Jo ngono mas lha piye, rek orek montore mabur
Yo lara gondes, gondes, gondes iki piye…
E..ya..e, yaiyo…yaiyo…,
E..ya..e, yaiyo…yaiyo…,

Ngetan bali ngulon, opo setyane kelakon
Jo ngono mas lha piye, rek orek montore mabur
Yo lara romo, romo, romo iki piye…
E..ya..e, yaiyo…yaiyo…,
E..ya..e, yaiyo…yaiyo…,

Ra cipir ra koro, ra mbok pikir aku ra gelo
Sing sayuk, sing rukun, rek orek montore mabur
Yo lara gondes, gondes, gondes iki piye…
E..ya..e, yaiyo…yaiyo…,
E..ya..e, yaiyo…yaiyo…,

Ora Rumongso

Sak wetoro rasaku mung kangen seliramu
Rino katone netro
Lamun ratri tansah nggubet ati
Ewo semono sliramu kok durung gelem bloko
Tansah tak tunggu-tunggu
Anggonmu mresopo karo aku


Reroncene sekar mlati
Iki lambang, katresnan sejati
Senadyan koyo ngopo
Jroning ati, ora bakal tego
Yen pinuju, aku ketemu karo sliramu
Tak rewangi nelongso
Ning sliramu, sing ora rumongso

reff :
kembali ke atas..sak wetoro rasaku

ojo di plerok i

Mas mas mas ojo dipleroki
Mas mas mas ojo dipoyoki
karepku njaluk di esemi
tingkah lakumu kudu ngerti coro
ojo ditinggal kapribaden ketimuran
mengko gek keri ing jaman
mbok yo sing eling
eling bab opo
iku budoyo
pancene bener kandamu

ojo cidro



mung semene pungkasane tali katresnanku
wus bejane yen aku ditinggal pepujanku
nalikane sliramu wus nate janji setya
ning nyatane.... saiki wis tansah gawe gelo

mbiyen mulane aku lak wis kondo
aku nisto mbondo donyo
e...e.. eman yektine mung kepranan, bareng
kang dunung kasunyatan
mbok yo eling soyo suwe soyo mundak yuswo
ojo cidro, wong cidro nemahi cuwo.

Bowo Nyidam sari

Bawa :
DHUH WONG AYU PEPUJANING ATI
KAYA NGENE WONG NANDHANG ASMARA
APATA AWAKKU DHEWE
DHUH DEWA JAWATA GUNG
WELASA MRING AWAK MAMI
BESUK KAPAN KETEKAN
JEJER LAN WONG AYU
UMPAMPAKNA NAHKODA TANPA PRAU
SASADARA DEN PEPETRI
NGIDAM SARI ASMARA

Umpama sliramu sekar melathi,
aku kumbang ngidam sari
Umpama sliramu margi wong manis
aku sing bakal ngliwati
Sineksen lintange luku semana
janji prasetyaning ati
Tansah kumanthil ing netra
rinasa karasa rasaning driya
Midera sajagad raya ,
kalingana wukir lan samodra
Nora ilang memanise
adhuh dadi ati selawase
Nalikane rohing ndalu atiku
Lam lamen si rupa ayu
Nganti mati ora bakal lali,
lha kae lintange mlaku.

Nyidam Sari

Umpomo sliramu sekar melati
aku kumbang Nyidam Sari
Umpomo sliramu margi
wong bagus, aku kang bakal nglewati
Sineksen lintange luku
semono janji prasetia ning ati
tansah kumantil ing netra rinoso
karasa arasaning ndriyo
Midero sak jagad raya kalingono wukir
lan samudro nora ilang memanise
dadi ati selawase
Nalika nira ing ndalu atiku
lamlaman  sliramu wong ayu
nganti mati ora bakal lali
lha kae lintange mlaku

Nyidam Penthol

*
Lk:
Bojoku meteng telung wulan
Ben dino ngiler jarene ngidam
Sak njaluke kudu keturutan
Iki ngidam opo kesempatan

**
Pr:
Iki ngono perbuatanmu mas
Wetengku cilik mbok gawe lemu
Kowe seneng nggugahi wong turu
Ra diwehi mengko kowe nesu

*** reff
Lk:
Yowis cah ayu, bojoku sing ayu dewe
Dewe dewe dewe
Gek ndang omongo, opo sing mbok kepengini
Gek ndang tak turuti
Pr:
Sing tak pengini, sing gampang-gampang
Janji kudu keturutan
Aku pengin pentol sing enek endok’e
Aku pengin pentol sing dobel endok’e
Aku pengin pentol pentol pentol pentol endok
Sing okeh emine
Lk:
Kowe pengin pentol
Pr:
Sing enek endok’e
Lk:
Kowe pengin pentol
Pr:
Sing dobel endok’e
Lk:
Kowe pengin pentol pentol pentol pentol
Pr:
Endok, sing okeh emine

[ ulang dari ***reff ]

Nyidam Jemblem

Lk:
Dhik..aku penasaran,
Opo yo tenan kowe dodolan jajan..
Nyawang kowe sing bakul jajan,
Mesti wae jajanmu yo wenak tenan..

Pr:
Mas..kuwi pancen bener mas,
Tapi mung kari siji jenenge jemblem..
Jemblemku jembleme super,
Tak eman-eman masio wong podho ngiler..

Jemblemku super kabeh wong podho ngler,
Jemblemku super kabeh wong podho ngler..

reff:
LK:
Saikine aku kepikiran,
Suk kapan iso ngincipi jemblemmu..
Angen angenku soko mbun-mbunan,
Iso tak pangan sak durunge turu..

Koyo wong sing meteng telung wulan,
Aku iki yo ngidam jemblemmu..
Seumpomo kudu tuku larang,
Ra nduwe duwit wani dodol untu..

Lk: Aku ngidam jemblemmu dhik..
Pr: Jemblem sing endi mas
Lk: Jemblem sing kuwi dhik..
Pr: Sing kuwi ngendi mas
Lk: Mosok ra ngerti..
Pr: Pancen ra ngerti..
Pr: Mbok yo ojo mbingungi..
Lk: Yo jemblem sing mbok gembol kuwi..

reff:
kembali keatas..dhik aku penasaran…

Lk: Aku ngidam jemblemmu dhik..
Pr: Jemblem sing endi mas..
Lk: Jemblem sing kuwi dhik..
Pr: Sing kuwi ngendi mas..
Lk: Mosok ra ngerti dhik..
Pr: Pancen ra ngerti..
Pr: Mbok yo ojo mbingungi..
Lk: Yo jemblem sing mbok gembol kuwi..

Wednesday, September 9, 2015

Nyusul

Lha kae nusul
teka teka ulate nyegadhul,
mripate mrebes mili
anehe nyedaki njiwiti


Tekade nusul padune ngejak bali kumpul,
galake dimareni rewele ora dipindhoni
Udan neng dalan eman eman polahe dewe,
 bisa kelangan dadi samar banjur dadi gawe.
Tekade nusul padune ngejak bali kumpul,
galake dimareni rewele ora dipindhoni.

Ngujiwat

Nglamlami ngujiwat
yen angegeti lathi anjinggit alise
sasolah bawane lencir kuning nengsemake
sinawang yen ngujiwat
pamikir tan kuwat kaya arep nekat
suwe suwe tamat bebasan anggayuh lintang
yen tengah wengi pangrasaku kaya wus sumandhing
adhuh wong kuning liringing niro kang wening
amung tansah tak lalekke nangingtrus eling
nanging trus eling wekasan pepuntonku upamane
sekar aja nganti layu
kanggo cecundhukku adhuh nimas mustikaku

Ngrentengi Wedokan

Rino lan wengi esemu,
Dadi kembange impenku
Kang tansah tak pujo
Kadyo titise batoro komojoyo

Silireng angin angidul,
Anganti tetesing tresno,
Atiku sujono,
Sumebyar sakutho tan ono warto

Reff :
Mung sliramu kang tak anti,
Wong bagus pujanku, memanik ing kalbu
Senadyan sewu penggudo, atiku ra kiro
Kagiwang wong liyo

Reff :
Rino lan wengi esemu,
Dadi kembange impenku
Kang tansah tak pujo
Kadyo titise batoro komojoyo

Silireng angin angidul,
Anganti tetesing tresno,
Atiku sujono,
Sumebyar sakutho tan ono warto

Reff :
Mung sliramu kang tak anti,
Wong bagus pujanku, memanik ing kalbu
Senadyan sewu penggudo, atiku ra kiro
Kagiwang wong liyo

Nora tak nyono sliramu
Jebul anyidrani janji
Kebak panelongso,
Teko tego gawe kuciwane nolo

Ngimpi

Sripat sripit
lembehane mrak kesimping
Gandhes luwes wiragane anglamlami..

Sedhet singset
besus angadi busana
Dhasar ayu maksih kenya tan kuciwa
Dak caketi
adhuh mesem sepet madu
Nora sronto tak gandheng malah gumuyu
Katon bungah
kenya kang pindha hapsari..
Kuciwane kabeh mau.. amung ngimpi….

Ngalamuning Ati

Yen tak roso,
Ra kuwowo, roso jroning ati
Tansah kelingan kembange netro
Nggodha aku, rino wengi..


Pancen nyoto,
Yen si rupo, yo ra mitoyoni
Nanging aku wis kebacut, tresno
Angel nggonku angoncati..


Pamujiku..,
Mbok bisowo, katekan setyaku
Katresnanku..,u u u u…, ditimbangi
Tresno.., kang satuhuuuu..


Koyo ngopo,
Ebo bungah, roso jroning ati
Katekan setyaku kang tak arep,
Bejo nggonku urip iki..


reff :
Pamujiku..,
Mbok bisowo, katekan setyaku
Katresnanku..,u u u u…, ditimbangi
Tresno.., kang satuhuuuu..


Koyo ngopo,
Ibo bungah, roso jroning ati
Katekan setyaku kang tak arep,
Bejo nggonku urip iki..

Tuesday, September 8, 2015

Nelongso

Nelongso temen uripku
Urip pisan ono ngalam ndunyo
Nyambut gawe kok koyo ngene
Wiwit biyen mulo….


Rong puluh tahun lawase
Adus udan adus kringet kepanasan
Nggolek pangan
Yo ning kutho Metropolitan


*
Rino wengi
Pikiranku melang megung
Wong rasane kepingin bali
Ora nduwe sangu


Kelingan marang wong tuwoku
Tak impi-impi roso jroning ati
Kula niki tansah eling
Keluarga ning ndeso

REFF :
 ke *

Minggat

Sri kapan kowe bali
Kowe lunga ora pamit aku
Jarene neng pasar pamit tuku trasi
Nganti saiki kowe durung bali

Sri apa kowe lali
Janjine sehidup semati
Aku ora nyono kowe arep ngono
Lara atiku atiku lara
Ndang baliya Sri, ndang baliya
Aku lara mikir kowe ana ing ngendi
Ndang baliya Sri, ndang baliya…
Tega temen kowe minggat ninggalke aku
Yen pancene Sri
Kowe eling aku
Ndang baliya
Aku kangen setengah mati

menthok menthok

Menthok menthok tak kandani
mung lakumu,
angisin isini
mbok ya aja ngethok
ana kandhang wae,
enak enak ngorok ora nyambut gawe,
menthok menthok
mung lakumu gawe guyu.

Mendem wedokan

Lk:
Mbok’e… aku njaluk dikawinke

Pr:
Karo sopo to le…

Lk:
Sing penting ono nyawane



Lk:
Simbok simbok wetengku luwe
Ono ketan aku tukokno
Simbok simbok aku wis gedhe
Ono prawan coba takokno


Pr:
Thole thole ketane abang
Dicampuri klopo parutan
Thole thole rabine gampang
Paling penting golek gawean


Lk:
Aduh simbok penting kawinan
Aku iki mbok wis mendem wedokan
Aduh simbok ra biso turu
Awan bengi pengin pengin ketemu


Pr:
Ora gampang urip bebojoan kudu biso golek sandhang pangan
Yen mung nuruti mendemu opo bojo kok pakani watu


Lk:
Yen mengkono mbok aku tak nyambut gawe
Golek duwit kanggo nikahan


Pr:
Iyo thole dongane mboke
Muga wae bisa kaleksanan


Ulang kembali dari: ¥¥¥¥

Mendem Kangen

Abot rasane nandang kangen ati
Mergo tresnoku sing gedi
Tansah kelingan awan bengi
Mung biso telfon marang sliramu
Gawe tombo kangen rinduku
Mergo adoh jarak sliramu


Mendem kangen njroning atiku
Soyo jeru mung telfon sliramu
Mendem kangen pengen ketemu
Nadyan sak kedep wes marem atiku


Mendem kangen njroning atiku
Nambah jeru mergo tresnoku
Mendem kangen pengen ketemu
Nadyan sedelo wes adem atiku


Abot rasane nandang kangen ati
Mergo tresnoku sing gedi
Tansah kelingan awan bengi
Mung biso telfon marang sliramu
Gawe tombo kangen rinduku
Mergo adoh jarak sliramu


Mendem kangen njroning atiku
Soyo jeru mung telfon sliramu
Mendem kangen pengen ketemu
Nadyan sak kedep wes marem atiku


Mendem kangen njroning atiku
Nambah jeru mergo tresnoku
Mendem kangen pengen ketemu
Nadyan sedelo wes adem atiku

Memanikmu

Mung sliramu kang dadi maniking kalbu
Pindoretno kang katon malelo
Tanpo elingmu giyo tansah eling
Senadyan adoh rasaku tansah sumande


Rino wengi aku mung tansah ngenteni
Tan pegato nyidam tetesing tresno
Kang setuhu dadi tetaline
Atiku kang tansah anandang kasmaran


Wong kuningkap mung jroning atiku
Asih mung kang ngrenggani
Dadi usadane aku kang nandang bronto
Lilanono jagat mring sliramu
Tansah gandeng renteng koyo mimi mintuno


Tak anti kang, ning gisik samudro
Lelumbaning asmoro munggah ning prasetyo
Tondho anteping tresno
Sineksenku wong hanggarit mendhung
Atiku kang wuyung yen tak gambuh anglayuh


reff :
kembali ke atas..mung sliramu…

Melati rinonce


Lha kae wus mrene,
Nyangking kembang melati rinonce
Tondho yekti, teteping kasaguhane
Nuli masrahake, tak tompo nuli dikalungake

Soyo tresno, tak sawang katon eseme
Ing nuli prasetyo,
Tan nedyo ginggang sak rekmo
Uwis nyoto biso gawe roso mulyo

Iki pasangonmu, mawar kuning
Kang kudu sumandhing,
Pangajabku,
Asih lahir trusing kalbu

reff :
kembali ke atas..lha kae wus…

meh rahino

Wus meh rahina sumirat
bang ing wetan prenahe
para tani wiwit mangkat anggarap sawahe
amanggul pacul garu luku anggereg kebone
andalidir anglur selur datan ana pedhote
gliyak gliyak anggliyak tansah
rame ing gawe
sesambene tetembangan laras lelagone
laras lelagone mungguh pedahe wanci ngundhuh
tikel pemetune
subur makmur murah sandhang pangan wekasane

Megat Tresno

Yen kelingan, marang sliramu wong ayu

Koyo rinujit rujit atiku

Jaman biyen-biyene, aku katon opo
Saikine aku iki katon opo

Dek semono, sliramu nate prasetyo

Bungah susah, dilakoni kanti lilo

Mulo aku ra ngiro, yen sliramu cidro
Ninggal kromo, milih karo prio liyo

*)

Jan-jane iki mau salahe sopo

Kok nganti sliramu megatake tresno
Ora nyono atiku ugo ora ngiro
Yen saiki uripku banget nelongso

Duh wong ayu, mung welingku mring sliramu

Ojo tego, welaso putro-putrimu

Aku wong ora guno, popo tur kuciwo
Wis tak trimo, pasrah karo kang kuwoso

reff :

kembali ke *)..jan-jane iki…

mbok yo mesem


E , E , E , MBOK YA MESEM MRENGUT PEDAHE APA

E , E , E , MBOK YA NGGUYU SUSAH PEDAHE APA

PANJALUKU DHEK TETEPA ING JANJI

AJA EWA AJA TANSAH CUWA

NADYAN AKU UGA TAN SE-LAK-ING-JANJI

E , MESEMA TANSAH TAK ENTENI

YO BARENG , ANGGUDI LUHURING KAGUNGAN

WATONE TUMEMEN MESTHI KASEMBADAN

Bowo Luntur

Bawa :
YEN TINUTUR NGLUNTUR NGRUSAKE ATI
NADYAN WUS SAPATA
TRESNAMU NGLUNTUR NGUNDURKE
TIWAS ANDEDAWA LARA


Yen luntura wenterane
nora kaya yen luntur tresnane
Tekan tekane atine
kaya kaya mung sakmune dewe

Ora engeta biyene saben dina mung tansah methuke
Saben kepethuk ambune angrerepa dadi lan duweke
Nora maido kala mangsa kok agawe cuwa
Ewa semana nganti bisa angkunturke tresna
Ditambakna mrana mrene tiwas tiwas ndedawa larane
Nanging tamba sejatine nora liya mung awake dhewe

Luntur



YEN LUNTURO WENTERANE
ORA KOYO YEN LUNTUR TRESNANE
TEKAN TEKANE ATINE
KOYO KOYO MUNG SAK SIRE DEWE
ORA SEMBODHO MBIYENE
SABEN DINO MUNG TANSAH METUKKE
SABEN KEPETUK TEMBUNGE
ANGGREREPO DADIYO DUWEKE
ORA MAIDHO KOLO MONGSO
MUNG SOK GAWE GELO
EWO SEMONO NGANTI BISO
NGLUNTURKE TRESNO
DITAMBAKNO MRONO MRENE
TIWAS TIWAS NDEDOWO LARANE
NANGING TOMBO SEJATINE
ORA LIYO MUNG AWAKE DEWE
REFF :
Kembali ke atas…

Lumiting Asmoro

Seprene nggonku ngenteni janji
Iki prasetyaning ati
Kadung tresno ning sliramu duh cah bagus
Ra eling dino lan wektu


Ning ati katon ra biso ilang soyo suwe soyo ra karuan
Snadyan mung tansah anggadhang aku samar yen sliramu ra kelingan


Wong bagus tak anti-anti
Jo pijer semoyo wae
Aku tresno karo kowe. . .



Tegane atimu soyo gawe loro iku ra prayogo


Aku ora bakal mundur. . . .
Aku ora bakal mlayu. . .
Yen durung nyanding sliramu
Ukuraning tresno dudu bondho nanging lungiting asmoro



loro bronto

Yen kelingan mring sliramu, aduh..
Kaya rinujit atiku
Yen siang tansah katon malelo
Dalu datan bisa nendro
Apa sliramu wis lali tenan
Dhek semono nate janji
Sedyo arep urip bebarengan
Bungah susah dilakoni
Nanging aku ora ngiro
Yen sliramu bakal cidro
Bareng saiki wis mulyo
Banjur kromo
Ora nganggo kandha-khanda…..
Opo pancen wis pesthine aduh…
Aku mung kudu narimo
Sapa kang bisa paring usada
Wong kang nandang lara branta

Bowo Loro asmoro

Bawa :
KIDUNG SRINATHA ASMARA
MANISE ANGGUGAH ATI
TEBIH SINAWANG ING NETRA
SUWE SUWE ANGANGENI
DHARMANING LARA BRANTI
SOLAHE KETAMAN WUYUNG
NORA ANA HUSADA
BEGJA INGKANG ANDARBENI
NIMAS AYU NYATA KANG KARYA KASMARAN


Aduh wong manis nalikane sepisan ketemu,nanging ana gaying gawang2x angel dilakeke
Aduh wong bagus aku uga ora bisa lali,enget mring raimu kaya kaya kepingin ketemu.
Muga muga Gusti tansah amarenga dadi srana husada lara asmara
Aku ngantekne merga eling mring janji janjimu,uga ora lali sawangane mring atiku

Loro Asmoro

aduh wong bagus,
nalikane sepisan ketemu
aneng kono kae,
gawang - gawang angel dilalekke

aduh wong bagus,
aku ugung ora bisa bakal lali
kangenne atiku
koyo - koyo ngenteni tekamu

mugo - mugo gusti tansah hamarengno
dadi srono wusudo loro asmoro
aku ngenteni margo eling mring janji - janjimu
kapan aku biso,
nambani roso kangenku





Lir Ilir

Ilir ilir tandure wus sumilir
tak ijo royo royo
tak sengguh temanten anyar

Bocah angon penekna blimbing kuwi,
lunyu lunyu penekna
kanggo mbasuh dadadira
Dadadira kumitir bedah ing pinggir
dumana jlumatana kanggo seba mengko sore
Mumpung gede rembulane
mumpung jembar kalangane gya suraka surak hiye

lingsir wengi

Lingsir wengi
Sepi durung biso nendro
Kagodho mring wewayang
Kang ngreridhu ati
Kawitane
Mung sembrono njur kulino
Ra ngiro yen bakal nuwuhke tresno
Nanging duh tibane aku dewe kang nemahi
Nandang bronto
Kadung loro
Sambat-sambat sopo
Rino wengi
Sing tak puji ojo lali
Janjine mugo biso tak ugemi

Lilo

Opo wis ora kelingan,
Sumpah janjimu mung marang aku,
Sineksen lintang rembulan,
Jarene tresnamu mung, kanggo aku..


Wis nganti pitung ketigo ,
Nanging sliramu, ora kirim warto
Banjur saiki wis teko,
Kowe malah gandeng prawan liyo..


Ora nyono ora ngiro,
Kowe medhot taline asmoro,
Tresnaku kang tulus suci,
Ra mbok jogo, malah mbok blenjani..


Opo pancen wis nasibku,
Kudu pisahan karo sliramu,
Nanging abot jroning ati,
Mergo aku ra melu nduweni..


Lilo atiku wis lilo,
Nadyan batinku keloro-loro,
Nanging aku ra kuwowo,
Mergo atiku, wis kebacut tresno..


kembali dari awal