Thursday, September 10, 2015

pepeling

Wis wancine tansah dielingake
Wis wancine podo nindaake
Adzan wus kumandhang wayahe sembahyang
Netepi wajib dawuhe pangeran


Sholat dadi cagak ing agomo
Limang wektu kudu tansah dijogo
Kanthi istiqomah lan sing tumakninah
Luwih sampurno yen berjama’ah


Subuh Luhur lan ‘Asar
Sholat sayekti ngadohke tindak mungkar
Maghrib lan ‘Isya’ jangkepe
Prayogane ditambah sholat sunate


Jo sembrono iku printah agomo
Ngelingono neng ndonya mung sedelo
Sabar lan tawakal pasrah sing kuoso
Yen kepengin mbesok munggah suargo

reff :
kembali ke atas…

No comments: