Tuesday, September 8, 2015

meh rahino

Wus meh rahina sumirat
bang ing wetan prenahe
para tani wiwit mangkat anggarap sawahe
amanggul pacul garu luku anggereg kebone
andalidir anglur selur datan ana pedhote
gliyak gliyak anggliyak tansah
rame ing gawe
sesambene tetembangan laras lelagone
laras lelagone mungguh pedahe wanci ngundhuh
tikel pemetune
subur makmur murah sandhang pangan wekasane

No comments: