Tuesday, September 15, 2015

rasa tresno

sapa kae ngrekmo kembang bakung
sajak ngawe - awe
ireng manis lamun mesem atiku kesengsem
esemanmu sajak nganyelake nambahi kangenku

tan kuciwa anggonmu ngrasuk ngadi busana
rasa tresna ing batin ora tega
rina wengi sliramu mung tansah nggodha ati
mangka sedyaku, atiku kepengin leladi sliramu,
yen tan bisa aku lilo inguruk bantala

No comments: