Tuesday, September 8, 2015

Megat Tresno

Yen kelingan, marang sliramu wong ayu

Koyo rinujit rujit atiku

Jaman biyen-biyene, aku katon opo
Saikine aku iki katon opo

Dek semono, sliramu nate prasetyo

Bungah susah, dilakoni kanti lilo

Mulo aku ra ngiro, yen sliramu cidro
Ninggal kromo, milih karo prio liyo

*)

Jan-jane iki mau salahe sopo

Kok nganti sliramu megatake tresno
Ora nyono atiku ugo ora ngiro
Yen saiki uripku banget nelongso

Duh wong ayu, mung welingku mring sliramu

Ojo tego, welaso putro-putrimu

Aku wong ora guno, popo tur kuciwo
Wis tak trimo, pasrah karo kang kuwoso

reff :

kembali ke *)..jan-jane iki…

No comments: